Selasa, 23 Desember 2008

JAMAN EDAN II

20. Selot-selote besuk

ngancik tutupe taun,

dewa mbrastha malaning rat,

bakal ana dewa angejawantah,

apangawak manungsa.

21. Utang nyawa nyaur nyawa,

utang wirang nyaur wirang.

Akeh wong cinokot lemud mati.

Akeh swara aneh tanpa rupa.

Bala prewangan,

makhluk alus padha baris,

padha rebut bebener garis.

22. Tan kasat mata tanpa rupa,

sing mandhegani putra Bathara Indra,

agegaman trisula wedha.

Momongane padha dadi nayakaning prang,

perange tanpa bala,

sekti mandraguna tanpa aji-aji.

23. Sadurunge teka ana tetenger

lintang kemukus dawa ngaluk-aluk,

tumanja ana kidul sisih wetan bener,

lawase pitung bengi.

24. Parak esuk banter,

ilange katut Bthara Surya,

jumedhul bebarengan karo

sing wus mungkur.

Prihatine kawula kelantur-lantur.

25. Iku tandhane

putra Bathara Indra wus katampa

lagi tumeka ing ngarcapada,

ambiyantu wong Jawa.

Dununge ana sikile

redi Lawu sisih wetan.

Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca,

arupa gupon dara tundha tiga.

26. Kaya manungsa asring angleledha,

apeparab Pangeraning Prang,

tan pakra anggone anyenyandhang,

nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge

wong sapirang-pirang.

Sing padha nyembah reca ndhaplang,

cina eling, Syeh-syeh pinaringan

sabda gidrang-gidrang.

27. Putra kinasih swarga Sunan Lawu,

ya Kyai Brajamusthi,

ya Kresna,

ya Herumurti,

mumpuni sakehing laku,

nugel tanah Jawa kaping pindho.

28. Ngerehake sakabehing para jim,

setan, kumara, prewangan.

Para lelembut kabawah prentah

saeka praya kinen

abebantu manungsa Jawa.

Padha asenjata trisula wedha,

kadherekake Sabdopalon Nayagenggong.

29. Pendhak Suro nguntapake kumara,

kumara kang wus katam nebus dosanira,

kaadhepake ngarsane kang Kuwasa.

Isih timur kaceluk wong tuwa,

pangiride Gathutkaca sayuta.

Idune idu geni,

sabdane malati,

sing bregudul mesthi mati.

30. Ora tuwa ora enom,

semono uga bayu wong ora ndayani.

Nyuwun apa bae mesthi sembada,

garise sabda ora gantalan dina.

Begja-begjane sing yakin

lan setya sabdanira.

31. Yen karsa sinuyutan wong satanah Jawa,

nanging pilih - pilih

sapa waskitha pindha dewa.

Bisa nyumurupi laire

embahira, buyutira,

canggahira, pindha lair bareng sadina.

Ora bisa diapusi amarga bisa maca ati.

32. Wasis wegig waskitha

ngreti sadurunge winarah,

bisa priksa embah-embahira,

ngawuningani jaman tanah Jawa.

Ngreti garise siji-sijining umat,

tan kalepyan sumuruping gegaman.

33. Mula den udia satriya iki,

wus tan bapa tan bibi,

lola wus aputus wedha Jawa.

Mula ngendelake trisula wedha,

landhepe trisula :

pucuk arupa gegawe sirik

agawe pepati utawa utang nyawa.

34. Sing tengah sirik

agawe kapitunaning liyan,

sing pinggir tulak talak

colong jupuk winaleran.

Sirik den wenehi ati melathi,

bisa kasiku.

Senenge anyenyoba, aja kaina-ina.

Begja-begjane sing dipundhut,

ateges jantrane kaemong sira sabrayat.

35. Ingarsa begawan wong dudu pandhita.

Sinebut pandhita dudu dewa.

Sinebut dewa kaya manungsa,

kinen kaanggep manungsa

sing seje daya.

Tan ana pitakonan binalekake,

tan ana jantra binalekake.

36. Kabeh kajarwakake nganti jlentreh

gawang-gawang terang ndrandang.

Aja gumun aja ngungun,

yaiku putrane Bathara Indra

kang pambayun,

tur isih kuwasa nundhung setan.

Tumurune tirta brajamukti,

pisah kaya ngundhuh.

37. Ya siji iki kang bisa njarwakake

utawa paring pituduh

jangka kalaningsun.

Tan kena den apusi

amarga bisa manjing jroning ati.

38. Ana manungsa kaiden katemu,

uga ora ana

jaman sing durung kalamangsane.

Aja serik aja gela iku dudu waktunira,

ngangsua sumur ratu tanpa makutha.

Mula sing amenangi

gek enggala den luru,

aja nganti jaman kandhas.

Madhepa den amarikelu.

39. Begja-begjane anak putu,

iku dalan sing eling lan waspada,

ing jaman Kalabendu nyawa.

Aja nglarang dolan nglari

wong apangawak dewa,

dewa apangawak manungsa.

Sapa sing ngalang-ngalangi

bakal cures ludhes

sabraja dlama kumara.

Aja kleru pandhita samudana,

larinen pandhita

asenjata trisula wedha.

40. Iku paringe dewa.

Ngluruge tanpa wadyabala.

Yen menang datan ngasorake liyan.

Para kawula padha suka-suka

amarga adiling Pangeran wus teka.

Ratune nyembah kawula,

agegaman trisula wedha.

41. Para pandhita ya padha ngreja,

yaiku momongane Kaki sabdopalon

sing wus adus wirang.

Tidak ada komentar: