Selasa, 23 Desember 2008

JAMAN EDAN I

JAMAN EDAN

(Serat Jongko Joyoboyo)

1. Pancen amenangi jaman edan,

sing ora edan ora kaduman.

Sing waras padha nggragas,

sing tani padha ditaleni.

Wong dora padha ura-ura.

Begjane sing eling lan waspada.

2. Ratu ora netepi janji,

musna prabawane lan kuwandane.

Akeh omah ing ndhuwur kuda.

Wong mangan wong,

kayu gilingan wesi

padha doyan rinasa enak kaya roti bolu.

3. Yen bakal nemoni jaman edan

akeh janji ora ditetepi,

wong nrajang sumpahe dhewe.

Manungsa padha seneng

tumindak ngalah tan

nindakake ukum Allah.

4. Bareng jahat diangkat-angkat,

bareng suci dibenci.

Akeh manungsa ngutamakake reyal,

lali sanak lali kadang.

Akeh bapa lali anak,

anak nladhung biyunge.

5. Sedulur padha cidra,

kulawarga padha curiga,

kanca dadi mungsuh,

manungsa lali asale.

Rukun ratu ora adil,

akeh pangkat sing jahat jahil.

6. Makarya sing apik manungsa padha isin.

Luwih utama ngapusi.

Kelakuan padha ganjil-ganjil.

Wegah makarya kapengin urip,

yen bengi padha ora bisa turu.

Wong dagang barange saya laris,

bandhane ludhes.

7. Akeh wong mati kaliren

ing sisihe pangan.

Akeh wong nyekel bandha

uripe sangsara.

Sing edan bisa dandan.

Sing mbangkang bisa nggalang

omah gedhong magrong-magrong.

Wong waras kang adil uripe nggragas lan

kapencil.

8. Sing ora bisa maling padha digething.

Sing pinter duraka padha dadi kanca.

Wong bener thenger-thenger,

wong salah bungah-bungah.

Akeh bandha muspra ora karuwan larine.

Akeh pangkat drajat padha minggat

ora karuwan sababe.

9. Bumi saya suwe saya mungkret.

Bumi sekilan dipajegi.

Wong wadon nganggo panganggo lanang.

Iku tandhane kaya raja kang ngumbar

hawa napsu,

ngumbar angkara murka,

nggedhekake duraka.

10. Wong apik ditampik,

wong jahat munggah pangkat.

Wong agung kesinggung,

wong ala pinuja-puja.

Wong wadon ilang kawanitane,

wong lanang ilang kaprawirane.

11. Akeh jago tanpa bojo.

Wanita padha ora setya,

laku sedheng bubrah jare gagah.

Akeh biyung adol anak,

akeh wanita adol awak.

Bojo ijol-ijolan jare jempolan.

12. Wong wadon nunggang jaran,

wong lanang numpang slendhang pelangi.

Randha loro, prawan saaga lima.

Akeh wong adol ngelmu.

Akeh wong ngaku-aku,

njaba putih njerone dhadhu.

13. Ngakune suci, sucine palsu.

Akeh bujuk.

Wektu iku dhandhang diunekake kuntul.

Wong salah dianggep bener,

pengkhianat nikmat,

durjana saya sampurna.

14. Wong lugu keblenggu,

wong mulya dikunjara,

sing curang garang, sing jujur kojur.

Wong dagang keplanggrang,

wong judhi ndadi.

15. Akeh barang kharam,

akeh anak-anak kharam.

Prawan cilik padha nyidham.

Wanita nglanggar priya.

Isih bayi padha mbayi.

Sing priya padha

ngasorake drajate dhewe.

16. Wong golek pangan kaya

gabah den interi.

Sing klebat kliwat,

sing kasep keplesed.

Sing gedhe rame tanpa gawe,

sing cilik kecelik.

Sing anggak kalenggak.

17. Sing wedi padha mati,

nanging sing ngawur padha makmur,

sing ngati-ati sambate kepati-pati.

Cina olang-aling kepenthung

dibandhem blendhung,

melu Jawa sing padha eling.

18. Sing ora eling padha milang-miling,

mloya-mlayu kaya maling,

tudang-tuding.

Mangro tingal padha digething.

Eling, ayo mulih padha manjing.

19. Akeh wong ijir,

akeh wong cethil.

Sing eman-eman ora kaduman,

sing kaduman ora aman.

Tidak ada komentar: